Agama Sinar Jaya

Gambar pixabay

“ pul... pul… tangi  wis awan gagiyan…”
“apa sih mane !!” sepul njawab karo ngosog. “ kaeh ustad dopir nggoleti…” jare yu darsih, manene sepul

“esih turu wa…??” suarane ust ad dopir sing njaba. “ ora kah kie pan raup disit…” jawabe yu darsih.

Ceritane esuk kue ustad dopir pan melu takon bahasan pengajiane kang sudin lagi bengi, sekalian bari ngopi gratis mbuapa neng umae sepul. Ustad dopir lagi bengi ora bisa melu soale ana undangan ndongani akekahan neng desa sebrang. 

Ora sue ndadake sepul nongol karo ngawa kopi kebul-kebul. Sepul  wis paham, mesti wis langganan ari ustad dopir esuk-esuk wis ngampreng mono ya mesti pengin ngopi gratis.

“ wis awan ganing ndekok bae…. Model-model wong kaya kue neng ora dilirik-lirik acan goneng kaji roup juragan bawang owh..”  ustad dopir ngledek,

“primen pul bahasan pengajian lagi bengi..” ustad dopir takon. “ embuh tad, wong nyong ya rada-rada ngantuk..” jare sepul. “lagi bengi tah kayong ana sinar jaya-sinar jayane…?” sepul njelasna maning.

Tembe ngobrol sedelat jebule wasropi teka, wasropi kue bocah sing rada edag-edeg, tembe ngerti agama wingi sore tapi lagake sok kemustad, apa-apa karam, apa-apa kapir. Krungu kandane wong-wong tah deweke olih gaul karo wong sing jenggote dawa toli klambine ting kedabrah.

Akeh wong sing rada sengit karo kelakuane, sing paling anyar wingi waktu adine disunati, deweke mencak-mencak kaya jaran lumping di pareni. Dumehen ana wong ngobong menyan neng damar panggung, lha wis gadi adat neng desa lamon ana wong gremengan mesti ya ana damar panggunge toli mesti di tawuri menyan, mbuh kue sunatan mbuh kue kawinan. Jare moni sirik, kapir, karam toli mbuh apamaning, pirang-pirang dalil ditokna. Ahire deweke mrengut lunga ora gelem ngrewangi wong tuane gremengan.

“ Ee… kayong esuk-esuk wis gobrol luged tad ??”  wasropi takon maring ustad dopir. “iya kie ngaro ngopi karo takon pengajian lagi bengi neng kang sudin..” jare ustad dopir. “ ora… kue mau krungu-krungu moni ana sinar jaya ne keding dongene mbahas apa..?” wasropi takon. “ mbuh, pertamane tah kanda agama kue jare kur gadi kendaraan, lha ujug-ujug anjoge sinar jaya..” jawabe sepul.

“ Pancen tah iya neng…” ustad dopir ngiyani. “ Ya ora bisa…!!” wasropi langsung nyangkal karo menyat tangi. “ Agama ora bisa di padakna karo perkara dunia sing hina.. penistaan kue arane… !!!” wasropi mrusah-mrusah cangkeme karo nuding-nuding. “ his… engko disit, dirongokna disit gen aja langsung esmosi..” ustad dopir nengai, sepul tah mrekecet pan nguyup kopi be ndadake ora sida.

“ Nyong ora terima agamane nyong di padakna karo bis sinar jaya, apamaning sinar jaya jare deke cina Jakarta oya ?? bli sudi nyong, kere ora owh..” wasropi esih mencak-mencak , “ Sapa sih sing ngomong ? si Sudin kae oya.. dukun anyar-anyaran ??  tak demo ngko, batire nyong akeh ikih tak bel saiki be neng mesti langsung pada teka..!!

Ustad dopir ngelus dada tok, “ gyeh pi.. sampean aja mencak-mencak disit kaya kue, di pahami disit, di telaah disit, aja keri tabayyun disit maring kang sudin, mengko mbokan jebule koen sing salah paham mbati engkone isin dewek..?”  jare ustad dopir.

“ apa tad, wajayun ?” sepul takon karo cengengesan. “ wajayun patakmu ruag..? wa jayun tah kae owh sing kebone akeh..” jawabe ustad dopir setengah dugal.

“Tabayun kue nyocogna berita, bener apa salah, klari.. klassi.. ke.. ke.. “ “KLARIFIKASI..!!!” wasropi nutugna karo cangkeme mecucu. “ nah kue iya…” ustad dopir mbenerna. “ koen aja maen hakim dewek… wis ari koen ngandel nyong ya mengko sore dolan bareng yuh maring kang sudin” . jare ustad dopir karo kloyong balik, soale ari ditutugna neng kono ya kayong bati tukaran tok.
***

Sore kue ahire wong telu kue sida nekani kang sudin.
“ lam lekum…” sepul mongkot-mongkot ngarep lawang.
“ Wa’alaikum salam warohmatulloh wabarokatuh…” kang sudin njawab sing pinggir umah.
“ idih-idih kadengaren temen wasropi gelem dolan maring umae aku yah..” kang sudin ngledek wasropi sing raine mbesengut. “ ya mene.. mene.. pada njagong njero gian..” kang sudin ngejak mlebu.

“kayong ana perlu apa sedulur.. tumben-tumbene sore-sore rombongan pada mene..?” kang sudin nakoni. “ nyong ora trimaa !!!!” wasropi langsung mbentak. Ustad dopir langsung nlonyor endase wasropi “ raimu sing sopan..!!!” ustad dopir melu kegawa emosi.

Kang sudin tah plesam-plesem tok ndelengna polae ustad dopir karo wasropi, ari sepul tah biasa owh mrekecet, ndregdeg dengkule ya gemeteran. “ora trima kenanngapa pi..? takone kang sudin lemes alus.
“kye….” Durung tutug wasropi pan ngomong ustad dopir langsung nylandak tangane kaya wong nyetop bis.

“kye kang sudin.. asale aku esuk-esuk ngopi karo si sepul, aku takon masalah pembahasan pengajiane rika wing bengi, lha sepul monine rada ora jelas wong rada ngantuk, anjoh-anjoge ana moni agama kaya kendaraan kaya sinar jaya bla.. bla.. bbla..! ujug-ujug si wasropi teka langsung nyamber bae kaya bengsin, ora trima…” ustad dopir njelasna kmrutug.

“iya nyong ora trima yah.. mesti kue tah…!!! Agamane nyong masa di padakna karo sinar jaya ? karam kue manjinge ..” wasropi sruangan, raine mulai abang ireng.

“is..is.. is..” kang sudin kecrek kaya dalang
“ wong masalah semono be ribute kaya ora kebagian bhe el tee..?” kang sudin ngomong maning. “

"ari ora salah kue, panjenenganipun kyai ageng mbah Nur Alam pernah njelasna bahwa agama iku cuma washilah, lah menawi ahirat niku ghoyah.." kang sudin kandah rada serius.
"Saiki tak takon karo rika-rika kabeh kye sing neng kene, Agama kue tujuan apa wasilah ?” kang sudin takon.

“ washilah kang…” jare ustad dopir

“jare sampean pi..?” kang sudin takon wasropi,

“ ee.. ee.. wasilah sih apa ? wasropi takon (akale takon tetep bae lambene muncis)
“ compong…!!! Wasilah be durung paham ka edeg “ ustad dopir tambah gregeten
“ Wasilah kue cara brebese gantar, alat, kendaraan” jawabe kang sudin.
" Ghoyah kue artine tujuan.... " kang sudin nglanjutna,

“ semono uga parte politik sing tujuane nggo gawe lantaran eben uripe wong sanegara kue ana sing ngatur ora mlaku dewek-dewek, semono uga agama, agama Cuma gadi kendaraan kanggo hambane gusti alloh sing pengin kenal, perek lan madep karo kuasane gusti aloh endah uripe adem, tentrem, jejeg, Ajeg”

“ tak contohna sing gampang wis, sampean pan waring Jakarta umpamane, kan mesti nganggo kendaraan sing jurusane pan maring jakarta endah gelis, kendaraan kue werna-werna ana bis, ana kereta, ana kapal mabur, bis esih werna-werna, ana dewi sri ana dedi jaya ana sinar jaya pirang-pirang maning. Semono uga kereta karo kapal mabur.”

Bojone kang sudin jebol sing njero nggawa kopi karo jaburan. 

“ srupuuut….” Kang sudin nguyup kopi, “ Monggo di sambi riyin owh mas…” Jare bojone kang sudin.

“ dinungi tad endah waleh…” jare sepul karo nglirik maring ustad dopir,

“ ergh…Errg…!! (dehem)  lha saiki tak takon maning, sinar jaya kue tujuan apa lantaran ? neng mesti pada njawabe lantaran krana Cuma dadi kendaraan oya ? toli ana ? umpamane wong wis anjog Jakarta toli bise di kekepi bae ora gelem mudun ? kang sudin nglanjutna,

Kaya kesirep, ustad dopir, wasropi karo sepul ndase godeg-godeg bareng.

“nyong sampean kabeh kue lagi pada mlaku luruh dalan endah perek karo rahmate gusti alloh sing di ikhtiari karo nglakoni tuntunan agama. Lha wong –wong , ari mlaku luruh dalan maring rahmate gusti alloh juga carane beda-beda tergantung pemahaman karo keimanane, imane sawiji-wijine wong kue ora pada..” kang sudin nglanjutna maning.

“ Ana sing percayane nganggo tuntunane agama islam, ana maning sing percaya karo tuntunane agama Kristen, Budha, Hindu, Konguchu lan werna-wernane. Tujuane tetep siji yakue endah perek karo sing kuasa tur bisa nglakoni urip sing bener, sing cocog karo ajaran agamane ”

“ saiki umpamane, ustad dopir pan waring Jakarta numpake kapal mabur sing sadelat, cepet anjog, alesane, numpak  kapal mabur  krana  ana sing ngabari jakarta di kepung banjir, krana percaya pesti bis mbuh kereta ora bisa mlebu, jalan siji-sijine ya kapal mabur”.

“ Wasropi  pengine nganggo kereta sing ora bisa kejebak macet, alesane wasropi maning padane, numpak kereta tetep anjog wong rel keretane duwur ora kenang banjir”. Lha  sepul senenge bis sinar jaya sing cepet, mlebu tol, toli turune lali, jare sepul numpak sinar jaya bisa lewat maring dalan tol sing duwur ya ora kenang banjir”

 “ nah kabeh mau tujuane siji pan maring Jakarta, wondene kendaraane beda-beda ya salah sijine aja sewot, sing penting kan anjog ? sing wis numpak kapal mabur umpamane ya ora kena jengkel karo sing pilihane numpak bis atawa numak kereta, wong keyakinane dewek-dewek”.

“ sing penting aja pada saling ngrusui pilihane wong liya, umpamane di rusui ya aja diladeni, ngko ora anjog-anjog owh perjalane, gudu moni temungkul luruh dalan sing penak di lewati malah lirak lirik ngrusui dalane batire, dalane dewek be durung tentu pan anjog mbuh belih  malah ngregoni dalane batire.. ”

“ Kaya dewek wenange mekur ngemutna, ari pan numpak kereta ya sing ati-ati umpamane …” kang sudin nerangna karo sabar.

“ Owh… Kaya kue ya kang..” Ustad dopir mantuk-mantuk. Wasropi tah kayong durung patia puas karo penjelasane kang sudin, “ A.. Ari….” Durung tutug wasropi ngomong jebule.. “ Allahu akbar.. Allahu akbar…” suara adan wis nyruang-nyruang sing mushola neng tengae desa.

“ ya berubung wis magrib, mengko pembahasane di tutugna lia waktu maning ya tong..” jare kang sudin karo menyat tangi.

Ustad dopir, wasropi karo sepul ahire kloyong balik.

*Bersambung*

Tangerang, 11 januari 2017











Postingan terkait: