Kang Sudin Ngalami Lelaku Suwuk

kang sudin ngalami lelaku suwuk
foto pribadi

“Kang Sudin jempolan nemen is kang…” jare karto karo tangane njawil gelas kopi neng ngarepe. “ eh.. ari kanda kang sudin tah ora kena nggo padan owh kang...” sarwan langsung njawab bae karo rokoke kemebul.

Kang sudin kue salah siji anake almarhum kyai Kasan yang di hormati neng desane nyong. Karismane kyai Kasan kue laka padane sampe bangsane tergawe, wong dagang, pejabat, wong cilik akeh sing pada namu njaluk barokah dongane. Seliane kya kue, almarhum  kyai Kasan gemiyen jaman uripe istiqomah mulangi ngaji maring wong desa, ora tua ora nom, lanang wadon.

Daripada anak liane, kang sudin ora patia sukses neng bidang usaha. Anak-anake kyai Kasan akeh sing dadi wong gede, mbuh kue gadi pemborong neng kota, sing ndue pesantren ya ana. Kur kang sudin tok sing ora gelem mana-mana, nutugna perjuangane bapakane mulang bocah-bocah neng desa. Rong wulan winginen kang sudin lagi terkenal karena ujug-ujug ndue ilmu laduni sing ora kabeh wong bisa. Ndadake akeh wong sing njaluk ditrawang nasibe.

“ Sing gawe nrawasi matane lik, sekali ndeleng batuke wong kayane bisa ketebak kabeh kelakuane wong mau..” toridin langsung nyrocos, emang ya sing mau wis pengin komen mbene kayong di sela bae ngomonge. “Mugane kaya nyong dewek ya adang anuk isin dewek ari jagongan bareng, mbokan kelakuane nyong di badek kabeh” nyong nyambungi obrolane toridin.

“ Nitike lagi si katem, prawan tua kae pan di lamar neng wong,  sedurunge toran ketemu neng warunge yu darsih oya, kang sudin langsung ngomong “ tem… koen batuke kinclong nemen, kayong sedelat maning pan kawin” eh.. bener.. let  pirang dina jebule ana wong sing nglamar..”  karto melu nambai
“ Nyong ya ngalami, ceritane nyong pan ngobor iwak oya, neng dalan ora sengaja ketemu kang sudin, malah ngongkon kon nggawa wadah sing gede monine ngko iwake ora kamot, ndilalah iya olih iwak akeh nemen, aku tah ndarani kang sudin ngomonge goyonan ?” sarwan  melu ngakoni.

“Tapi saiki tah wis ora jeh…” ujug-ujug ustad dopir teka. “Mbuh jare tanggane aku sing wingi mertamu, monine kang sudin saiki wis ora bisa nrawang maning. Barang kang sudin tes ngilang lawas owh… balik-balik wis kaya wong biasa maning. Ilmune jare ilang kabeh”  ustad dopir njelasna.  “ Lokeen kang ?? nyong penasaran karo ceritane ustad dopir. “ Mugane ngko sekiki sore pada mana yuh, mumpung malem jum’at kan kang sudin ora mulang owh, lawas ora ngopi-ngopi bareng..” ustad dopir ngejak
***
Sore kue nyong sms maring ustad dopir, sida apa ora jare pan mertamu maring umae kang sudin. Barang batire wis pada kumpul, latane ustad dopir nongol karo nggawa gula teh.

“Yuh…” jare ustad dopir karo nganclang.
“Assalamu’alaikum…..” ustad dopir uluk salam
“Wa ‘alaikum saaalam, mene.. mene.. pada manjing” kang sudin njawab karo mesem
“Tumben temen tembe pada mene..?” kang sudin takon. “ Ya ora kang.. kayong ndelengna rika ahir-ahir kie lagi akeh tamu gadine aku pan merek kayong isin mbokan nganggu..” ustad dopir njawab nggo basa basi. Barang wis ngobrol mane mene, emang iya kayong perilakune kang sudin wis rada sejen ora kaya sing wingi-wingi, biasane durung apa-apa be wis di badeki kabeh. Bengi kue kang sudin ngobrole lepas, goyonan bareng.

Singkate cerita, ustad dopir ahire takon kabare kang sudin ora gelem nrawang nasibe wong maning. Kang sudin dewek maune ya ora gelem cerita, tapi barang saane wong sing neng kono pada ngrayu ahire kang sudin gelem cerita.

“ Kye sedulur.. cerita pertamane, pas malam apa kue aku ketekan tamu, wonge tah rada-rada pinter, ya cerita mana mene bareng. Barang wong mau wis balik, aku tumben-tumbene ora bisa turu nganti esuk. Pas ngliyep rasane bapane aku teka terus ngomong, “ Din.. koen kudu nemoni kyai sepuh  sing anane neng padepokan neng ngingsore gunung slamet, arane Mbah Sholeh. Mboh sholeh kue wali agung, ora sembarangan wong bisa oleh kesempatan di wulang mbah sholeh” Ngimpi kaya kue ora pisan ora pindo. Dadi aku penasaran, umpet-umetan ahire aku lunga.

Gelise cerita, aku ahire anjog neng desa sing di todokna bapane aku, aku takon mana mene nganti sadina laka wong sing weruh, aku nganti turu neng musholah. Pas bar jamaah sholat shubuh ana wong sing nakoni, barang aku cerita wong kue latane nodokna, jare neng kene wong sing cirri-cirine kya kue arane mbah kinareksa, nggone neng sebrange kali.

Ahire barang srengenge wis duwur, aku marani maring nggone mbah kinareksa nglewati dlanggung sing esih lemah abang, mlipir nglewati kali. Ternyata iya, barang tes nglewati kali ana padepokan amba nganggone gubug pring, santrine ya jebule akeh. Ora di nyana sing jare monine kyai sepuh, jebule wonge esih seger, awake gede duwur, raine ya mencorong ngademi, meseme ya manis.

Gelise cerita, aku sowan. Barang salaman tak deleng raine, mak jleg neng batuke ana tulisan “ahli Neraka”, sanjerone atine aku “ idih loken…. Jare wali agung ganing batuke tulisane kaya kue”, dadi akale cangkeme aku moni poyan pengin gadi santrine, tapi atine aku esih nolak merga penasaran.

Saya dina saya dina tak titeni tulisan sing ana neng batuke mbah sholeh tambah nyata. Apamaning ari tes wudhu, kayane tulisan kue tambah mencorong. Tak titeni lelaku nggal dinane mbah sholeh ya biasa kya kyai-kyai umume, sembayang fardu, sunah, mulang santri, ari bengi ya wiridan karo tahajud. Ari ceramah neng pengajian tah kyane ora pernah, paling diundang slametan neng tangga sekitar desa. Aku tambah penasaran, amalan apa sing ngadekna ana tulisan “ahli Neraka” neng batuke mbah Sholeh.

Memang sih jare santri-santri lawas sing ana neng kono, monine neng waktu-waktu tertentu mbah Sholeh kadang lunga. Jarene kebiasaan kue wis dilakoni awit esih nom, monine tapa lelana bratha.

Nah pas kebeneran, pas malam jum’at kliwon aku ndue kesempetan, luwih benere tah aku nyolong waktu nggo mbuntuti mbah Sholeh, penasaran pengin luruh jawabane masalah sing ngganjel neng pikiran. Bengi  kue wulane padang mencorong,  tumben-tumbene mbah Sholeh kayane pan lunga tapi dandane rapi, klimis. Ndeleng wayahe wis bengi nemen kayane  ari pan slametan ya ora mungkin.

Ati-ati nemen aku mbuntuti mbah Sholeh, endah aja konangan. Barang mbah Sholeh wis nglewati kuburan karo wit wringin jebule belok, barang aku melu belok jebule wonge ilang mbuh maring ndi. Lhah ka ujug-ujug jebule ana warung  gubug neng pinggir sawah , damare nganggone patromak, sing moci ya akeh nemen. Tak sawang-sawang pelayane wong wadon ayu-ayu, pareme medok-medok nemen, perete ya mereh-mereh, karo jawal-jawil maring wong-wong sing pada mesen inuman.

Astaghfirloh…. Sing bener bae, loken iya mbah sholeh nglosmen neng tempat sing kaya kie ?. Aku nglegeg oya, barang nglamune durung pragat jebule mbah sholeh ngundang aku.

“eh.. sampean jebule neng kene din..? mene melu njagong owh…” Mbah sholeh karo ngomong karo narik tangane aku. “ Kang, kue mene gawekna kopi siji maning, kie sedulur nome aku tembe teka sing kana-kana..” jare Mbah Sholeh terus di jawab goneng pelayan sing menor kue karo mesem.

“ Wis aja kakean mikir, disruput kopine nggo tamba atis…” Jare mbah Sholeh. Jujur aku esih kaya wong linglung, ora nyana, atine aku ndue krenteg sing ora apik maring mbah Sholeh. Atine aku yakin mungkin gara-gara lelaku sing kaya kie mugane neng batuke mbah sholeh ana tulisan “ Ahli Neraka”ne. 

Sawise ngejak aku nginung kopi, mbah sholeh nggabung maning karo kanca-kancane goyonan bareng, aku ditinggalna dewekan. Ujug-ujug mbah sholeh marek ngajak aku balik jare wis pan subuh.

“ yuh din.. sedelat maning pan subuh, aja nganti konangan karo wong desa” jare mbah sholeh. Kaya kebo di dadung cungure, aku nurut bae mbuntuti mbah sholeh balik. Dalan sing dilewati ora kaya mau mangkate, jare mbah Sholeh endah cepet anjog. Emang iya, sadelat tok jebule wis anjog neng pinggir kali. Sing gawe heran oya, mbah Sholeh nyebrang kaline ora nglangi, tapi mlaku saduwure banyu.

“Laa khaula wala quwwata illa billah…” aku kecrop weruh wong bisa kya kue

“ayuh owh din…” mbah Sholeh ngawe-awe neng sebrange kali. Aku tah esih nglegeg setengah pan pingsan ndelengna barang sing ajaib. Mbuh kegawa hawaneng apa aku ucul-ucul klambi langsung njebur neng kali, padahal aku ora bisa nglangi, tapi ndilalah ora klelep nyabrangi kali kue.

Barang aku lagi beres-beres ngenggo klambi, mbah sholeh mandeg terus ngomong maring aku, suarane bisa sejen gadi berwibawa nemen. “ Primen din… sampean wis nemu jawabane …?” Mbah sholeh takon. Deg ..!!! “ganing mbah sholeh ngerti..?” sanjerone atiku ngomong.

“ apa saiki sampean wis nemu jawaban apa sing ngadekna ana tulisan neng batuke aku ? apa sampean sing jare bisa nrawang masa depane wong toli ora percaya karo trawange sampean dewek ? angin kumbang sing semilir rasane nyrecep tekan balung sumsum. Ditambah dawue mbah Sholeh tambah gawe ati mrekecet. Ilat rasane kaya di bundel ora bisa ngomong. Mbah sholeh terus ngandani maning…

“ Cah bagus, sampean ora perlu kawatir bisane neng batuke aku ana tulisan “ahli neraka”, sampean juga ora perlu susah-susah nggoleti bukti aku nglakoni amalan apa sing ndadekna aku dicap ahli neraka. Kerana sepisan, mungkin apa sing di werui sampean ora teka saking  pandangan atine sampean sing bening, bisa krana nafsu, bisa juga krana ujub.  ping pindone, sampean neng mesti wis ngerti oya, pada baene surga lan neraka, awakku juga pada bae nduene Gusti Alloh, gadi terserah gusti Alloh pan nglebokna aku neng surga mbuh neng neraka. Gusti Alloh ora perlu alasan nggo nglebokna hambane neng surga atawa neng neraka. Kabeh mau lantaran rahmate Gusti Alloh.”

“Ari bener  jare sampean wong alim, apa sampean wani njamin ari amal apike sampean bisa dadi dalane manjing suarga ? sewalike, apa sampean wani njamin ari wong-wong mau sing ana neng warung mau pasti mlebu neraka? Dewek kie agawe lelaku apik endah di pandeng apik marang gusti Alloh, ndepe-ndepe endah parek karo sing kuasa, tapi apa dewek kiye wenang njaluk piwalese? Krana apa? Krana dewek bisa agawe becik juga sebab rahmate gusti Alloh…” Mbah Sholeh nuturi ora mandeg-mandeg.

Wis aku ora bisa apa-apa maning, ndengak be kayane ora sanggup. Mbah Sholeh terus nepuk-nepuk pundake aku. “ sing waspada ya bocah… ari diwei cobane sing kuasa sing bentuke anugrah, sebab cobaan sing bentuke anugrah kue ora kalah bahayane karo cobaan sing bentuke bala. Kaya wong sing neng warung mau kae, kae kye wong susah, wong susah mesti jarang sing bisa takabur, apamaning sombong, beda karo wong-wong sing ndue kelewihan, wong sing mambrah-mambrah mbuh kue dunyane mbuh kue ilmune, godane luwih berat. Apamaning ari kelewiane mau wing di akui dening wong akeh.”

“yuh wis balik, sedelat maning adzan shubuh” mbah Sholeh terus ngadeg karo narik tangane aku. “ngko ari wis sembayang shubuh sampean olih balik” jare mbah Sholeh. Asline tanpa kongkon balik aku ya wis ndue niat pan balik maring umah, soale aku kadung isin ganing edag-edege, ganing sifat ketluyane aku.

Barang aku ngadeg lha ka.. jebule mbah sholeh wis ilang gandra? Aku celingukan oya..? tak kejar ya ora nyendak sampe tekan ana musholah aku mampir melu sembayang subuh. Barang wis rampung, aku tembe sadar kie kan musholah sing pertama aku tembe teka mene ? sing gawe herane maning, ujug-ujug ana wong njujugna buntelan klambine aku sing tak tinggal neng pesantren gubuge mbah Sholeh. Jare monine ana wong sing njujugna kon di wekna bocah sing winginen turu neng musholah kie.

Barang aku takon-takon pesantren gubuge mbah Sholeh, wong kono laka sing paham, tak todokna sing anane neng sebrange kali ya monine laka, anane kebon sengon. Ahire aku balik…
Begitulah ahire cerita, sampe saiki pun sing arane mbah Sholeh alias mbah kinareksa kwe esih gadi misteri.

Nyong karo ustad dopir mung bisa manggut-manggut tok, akale ceritane wis rampung tapi saanane wong sing neng kono nglegeg, esih keder karo kejadian sing di alami kang sudin.

*di sadur dari cerpen karya KH. Ahmad Mustofa Bisri Rembang dengan judul GUS JAKFAR.




Postingan terkait: